gatutkaca

gatutkaca
gatutkaca

gatutkaca krama

gatutkaca krama
gatutkaca krama by angginatama

Rabu, 03 Februari 2010

wayang wayang

Gatutkaca Krama

Jejering Praja Ngastina, Prabu Duryudana, inggih  Prabu Suyudana, inggih  Prabu Kurupati, inggih  Prabu Anggendariputra, lenggah siniwaka kaadep kadang saha sentana.Ingkang ngarsa piyambak pun paman kepatihan Patih Haryo Sengkuni inggih  Haryo Suman, inggih  Raden Srigantalpati, Saking negari Plasajenar.  Resi Durna  inggih, Resi Kumbayana, saking Sokalima inggih Sokapanca, ugi para kadang Kurawa, Dursasana,satriya Banjarjungut, Kertamarma satriya Banyutinalang,Jayadrata satriya Bana keling ,Citraksa, Citraksi, Citrayuda ugi , putra Prabu Duryudana, inggih Raden Lesmana Mandrakumara. Sang Prabu ngrembag pamotah ipun putra pun Raden Lesmana Mandrakumara, ingkang nyuwun palakrama pikantuk Dewi Pregiwa, putra putrinipun Raden Arjuna,  mangka Dewi Pregiwa  bade kadaupaken pikantuk Raden Gatutkaca, satriyo Pringgadani putra paneng gaking Pandhawa Raden  Wrekudoro. Midanget pamotahipun Raden Lesmana Mandrakumara saha Prabu Duryudana, Pendita Durna nyagahi menawi  bade ngrekaaken supados daupipun Dewi Pregiwa kalian Raden Gatutkaca sageda wurung. Pendita Durna ngirid wadya bala bidal datang Kasatriyan Ing Kasatriyan Madukara, Raden Arjuna kaadep para garwa lan putra, Dewi Wara Madukara.

Sembadra, Dewi Wara Srikandi, Niken Larasati, Niken Sulastri sarta Dewi Pregiwa saha Dewi Pregiwati.ugi taksih ngrembag daupipun ingkang putra putri pun Dewi Pergiwa.Sang Arjuna nengga sowanipun putra pun Abimanyu, satriya Plangkawati ingkang dipun utus nakyinaken da teng Eyang Resi Wyasa ing Ngukirah tawu,ngantos wekdal samangke dereng wonten kabar wusanani pun. Raden Abimanyu dipun utus ngaturaken uningo bilih wekdal sak mangke  Raden Arjuna bade malakramakaken pun putra putri Dewi Pregiwa pikantuk pulunan ipun piyambak pun Raden Gatutkaca.

Dereng dangu anggenipun sami pangandikan, kadadak rawuhipun Pandita Durna kaderekaken para kadang sentana Ngastina ugi Raden Lesmana Mandrakumara ingkang sampun ngagem busana temanten. Geger salebetenipun Kasatriayan Madukara. Dewi Pregiwa kaderekaken ingkang rayi pun Dewi Pregiwati enggal linggar saking bale pisowanan  manjing salebetipun taman  Madugan da. Sesampunipun satata sami lenggah, Pandita Durna maringi pasegahan sedah dateng Raden Arjuna. Pasegahan lajeng kadahar Sang Arjuna , Raden Arjuna rumaos dipun lolosi otot bayu nipun. Sesampunipun punika Pandita Durna paring wuninga sedaya pikajenganipun dateng kesatriyan Madukara. Pandita Durna ngendikaaken, bilih para Kadang Kurawa sami dateng ngersanipun Raden Arjuna, mboten sanes bade nglamar keng putra putri pun  Dewi Pregiwa pikantuk Raden Lesmana Mandrakumara. Menawi saged kalaksanan, ndadosaken kekada ngan ingkang sae antawisipun Pandawa kaliyan Kurawa. Dados Perang Barata Yuda saged dipun singkiri. Awit saking dayanipun pasegahan sedah paringanipun Pendita Durna, Raden Arjuna anyarujuki, bilih Dewi Pregiwa bade kadaupaken kaliyan Raden Lesmana Mandrakumara. Para  Garwa sami kageting manah dene ingkang garwa pun Raden Arjuna anyarujuki panyuwun ipun para kadang Kurawa. Dewi Wara Sembadra enggal nyaosi penget dateng Raden Arjuna,  bilih Dewi Pregiwa punika sampun bade kadaupaken kaliyan Kaki Prabu Gatutkaca.Raden Arjuna runtiking penggalih, para garwa kapurih medal saking bale pisowanan.Para garwa lenggal linggar saking bale pisowanan,lajeng sami lumebet dateng Keputren. Para kadang Kurawa sedaya dipun aturi mesanggrah wonten  Kesatriyan Madukara.

Raden Abimanyu  mboten sawetawis dangu sampun dumugi Kasatriyan Madukara. Raden Abimanyu inggih Raden Angkawijaya kaderekaken para punakawan. Raden Abimanyu sowan keng rama,ngaturaken sedaya dawuhipun Eyang Abiyasa, bilih Kasatriyan Madukara bade kesaput mendung angendanu,  nanging kawontenan punika mboten dangu, lajeng enggal kasusul kawontenan kang padang sumilak . Salajengipun Raden Arjuna ndawuhi keng putra Raden Abimanyu ngaturaken nawala dumateng uwa Radn Wrekudara ing Kasatriyan Jodipati.

Gantos cinarita, ing Kesatriyan Jodipati, Raden  Wrekudara saha garwa pun Ratu Dewi Arimbi ugi keng putra pun Raden Gatutkaca sami ngrembag anggenipun bade daupan putra pun Gatutkaca pikantuk Dewi Pregiwa. Dereng dangu anggenipun sami rembagan, katungka sowanipun pulunan pun Raden Abimanyu saha para punakawan, ndadosaken kageting manah.  Raden Abimanyu nyaosaken nawala saking rama Arjuna dumateng uwa Raden Werkudara. Sesampunipun  Raden Werkudara maos suraosipun nawala, duka yayah sinipi lajeng ndawahaken cempala dumateng  Raden Gatutkaca. Raden Gatutkaca dipun undamana bilih Raden Gatutkaca kurang prihatin,mboten nate manembah dateng Bathara, bisane mung mangan turu, mangan turu tok.mula dauping temanten dipun wurungaken. Salajengipun Raden Gatutkaca dipun dugang tinundung saking Jodipati. Ratu Dewi Arimbi ajrih mirsani ingkang garwa nyempalani ingkang putra, enggal paring pemut. Nangin Raden Gatutkaca sampun kelajeng medal saking pisowanan lan sampun ndirgantara. Raden Abimanyu nyumerepi kawontenan makaten enggal nyuwun pamit dateng uwa ni pun.Para panakawan ndredeg wel-welan kados kados mboten saged jumangkah medal saking Bale Pisowanan Kasatriyan Jodipati.

Sawetwis punika Ing ndirgantara, Raden Gatutkaca,rumaos dipun siyo-siyo, rumaos mboten wonten ginanipun gesang wonten alam pepadang.. Kepinginipun namung pejah kemawon menawi mboten pikantuk Dewi Pregiwa. Raden Gatutkaca nedya nglampus diri,lajeng saking ndirgantara Raden Gatutkaca ndawahi  sela gilang ing sa pinggiring samodra. Nanging mboten pecah mustakanipun, malah sela gilang ingkang  pecah sak walang-walang. Raden Gatutkaca ngantariksa wongsal wangsul .sirahipun dipun benthus-benthusaken wonten sela. Nyumurupi kawontenanipun makaten. Sri Bathara Kresna engkang njangkungi Raden Gatutkaca. enggal nyandak Raden Gatutkaca, Raden Gatutkaca matur menapa wontenipun, Prabu Kresna ndawuhi tinimbang nglampus diri, aluwung kelakon panjangkane. Kados rumiyin nalika lampahan Alap alap Setyaboma, Prabu Sri Bathara Kresna kersa dados duratmaka ndusta Dewi Setyaboma. Midanget pangandikan ipun uwanipun, Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Gatutkaca gumregah lajeng pamit dateng uwani pun Prabu Sri Bathara Kresna, ndirgantara tumuju Kesatriyan Madukara.

Sesampunipun Raden Gatutkaca nilar Prabu Sri Bathara Kresna, Prabu Sri Bathara Kresna rumaos mboten tega, menawi Gatutkaca mboten wonten ingkang mbiyantu sedya. Prabu Sri Bathara Kresna nguwatosaken kawontenanipun Gatutkaca wonten Kasatriyan Madukara. Prabu Sri Bathara Kresna jumujug dateng kesatriyan Jodipati. Raden Wrekudara lan Ratu Arimbi ketinggal suntrut penggalih dene wonten kedadosan ingkang mboten  ngremenaken. Daupipun temanten pun Raden Gatutkaca diwurungaken dening Raden Arjuna. Prabu Sri Bathara Kresna mboten kirang anggenipun maringi wejangan dateng rayinipun, Wrekudara, nanging Raden Wrekudara taksih kemawon nglepataken putranipun piyambak. Salajengipun Prabu Sri Kresna maringi uninga bilih Raden Gatutkaca melebet Taman Maduganda badhe ndusta Dewi Pregiwa, nanging saget katingkes dening  Raden Arjuna, samangke badepun patrapi pidana pejah. Raden Wrekudara ayem mawon, matur bilih maling inggih dipun ukum, Prabu Sri Kresna, mboten kirang akal, maringi uninga yen Raden Arjuna ugi   muring-muring, sesumbar la wong anake maling, gerangane ya gentone maling, gerangane  kon rene dak pateni sisan. Raden Wrekudara, duka mboten kanten-kantenan, enggal Raden Wrekudara jumangkah dateng Kesatriyan Madukara.

Kanti gampil, Raden Gatutkaca lumebet Taman Maduganda. Raden Gatutkaca lan Dewi Pregiwa enggal bade linggar saking Taman Maduganda. Rikala Raden Gatutkaca lumebet ing taman, wonten satunggalipun parekan atur wuninga dateng Raden Arjuna, bilih Raden Gatutkaca nyidra Dewi Pregiwa,Pramila Raden Gatutkaca dalah Dewi Pregiwa kecandeg wonten jabaning  Keputren. Raden Gatutkaca dipun kroyok para Kurawa, nanging Raden Gatutkaca langkung digdaya, para Kurawa sami  lumajeng pados gesang. Raden Arjuna nyumerepi kahanan wau, duka yayah sinipi,enggal mrepegi Raden Gatutkaca, sarta ngunus curiga Kala Nadah  bade katamakaken dateng angganipun Raden Gatutkaca.. Dumadakan "geranganipun" dateng, Raden Arjuna, lumajeng nyumerepi Raden Wrekudara ngasta gada Rujakpolo. Raden Arjuna mlajeng keweden dipun oyak  Raden Wrekudara , kanti dipun acung-acungi Gada Rujakpolo. Raden Arjuna panggih Prabu Sri Bathara Kresna , lajeng nyuwun pengayoman. Raden Arjuna ngumpet sa wingkingipun sela gilang. Sawetawis dangu Raden Wrekudara pun dugi, madosi Jlamprung. Prabu Sri Bathara Kresna ngendika, menawi Jlamprung mboten sumerep, yen Raden Arjuna iki neng mburiku. Midanget pangandikanipun Prabu Sri Bathara Kresna makaten, Raden Arjuna lumajeng sipat kuping. Raden Wrekudara nututi plajengipun Raden Arjuna. Raden Arjuna mlajeng ngantos dugi praja Indraprasta. Raden Arjuna enggal mlebet dateng datulaya pinanggih Prabu Puntadewa saha Raden Nakula lan Sadewa. Prabu Puntadewa ndawuhi Raden Arjuna wonten wingkingipun Prabu Puntadewa. Mboten sawetawis dangu, Raden Wrekudara inggih manjing salebetipun datulaya, Raden Wrekudara kersa nglarak Raden Arjuna, nanging Prabu Puntadewa ngendikani, menawi Raden Wrekudara bade daksiya napa malih bade mejahi Raden Arjuna,, aluwung Prabu Puntadewa ingkang  dipun pejahi , Raden Wrekudara lajeng sareh, kengetan menawi Raden Arjuna inggin rayinipun piyambak. Prabu Sri Bathara  Kresna enggal rawuh wonten praja Indraprasta. .Prabu Sri Bathara Kresna ndangu dateng Raden Arjuna, punapa taksih nglajengaken daupan penganten antawisipun Raden Gatutkaca pikantuk dewi Pregiwa punapa mboten. Raden Arjuna matur menawi Daupipun Raden Gatutkaca kaliyan Dewi Pregiwa taksih bade kalajengaken. Raden Wrekudara  anyarujuki, nanging nyuwun pitukon., inggih punika keris Kala Nadah kedah dipun paringaken dateng Raden Gatutkaca. Ngengeti keris punika warisan saking Prabu Kala Trembaka, moyangipun Raden Gatutkaca.

Kanti gamelan Kebo Giro, temanten putri dipun panggihaken kaliyan temanten kakung. Wusana temanten kakung puteri dipun pahargya lan dipun wiwaha wonten praja Indraprasta.

Dereng ngantos rampung anggenpun pahargyan, geger njawi praja Indraprasta, para Kurawa soroh amuk dateng Praja Indraprasta nyuwun daupipun Raden Lesmana Mandrakumara kaliyan Dewi Pregiwa. . Raden Wrekudara ngamuk punggung. Bala Kurawa salang tunjang pados gesang.. Pandita Durna saha para Kadang Kurawa wangsul dateng Praja Ngastina. Prabu Sri Bathara  Kresna, Prabu Punta Dewa, saha para kadang Pandawa sami kembul bujana.

TANCEP KAYON